Asalamu'alaikum wr. wb.
Salah hormat nggo wong Gadog,
Alhamdulillah moga2 pada sehat kabeh ya....kiye aku arep menginformasikna hasil kumpul-kumpul Silaturahim Awal warga gadog sing nang perantauan khususe daerah Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang, Bekasi, Kerawang & Purwakarta (Jabodetabekarta). Ketone akeh sing nunggu infone kiye, ya kewuwun banget berarti akeh sing pada ndukung.
Alhamdulillah acara berlangsung lancar, mulaine kira2 jam 10.30 WIB tekan jam 13.00 WIB, kumpul2 dihadiri kurang lewih 22 warga Gadong Sing Nang Perantauan, Kumpul2 kuwe menyepakati mbentuk pengurus paguyuban sing dijenengi "Paguyuban Warga Gadog". Warga sing teka nyepakati sebagai Ketua Mas Sugeng Pelipulara , Sekretaris Ono Budi , Bendahara Tonni Suranto , Seksi Humas Wilayah Jakarta Suprapto/Surip , Humas Wilayah Tangerang Edi Purwanto , Humas Wilayah PurwakartaAgus Purwanto , Wilayah Bekasi Farell Gadog , Wilayah Bogor Bagus/Badu , Wilayah Kerawang Aripin Madan Toal
Selain mbahas kepengurusan, kumpul2 wingi juga mbahas tujuan paguyuban dan arah kedepane kaya apa. tujuan utamane ya nggo nyambung seduluran warga Gadog sing nang perantauan, nek arah kedepane tujuane sing lewih gede tentune moga ya wong nggadog sing wis lunga ngranto esih bisa terus berpartisipasi majukna tanah kelairane.
Berhubung waktune wingi singkat banget lan ora suwe, kumpul2 Silaturahim awal urung bisa mbahas lewih jauh/detail mening kepribe AD/ART ne Paguyuban, masalah kuwe ngko disusun nang Pengurus Paguyuban trus dibahas nang pertemua selanjute.
Pertemuan selanjute InsyaAllah wes ditetapna, dijadwalna Bulan November 2015 di Kediamane Lik Situs nang Cikarang. untuk itu mohon sing ora bisa teka wingi nang Pertemuan Awal, ngesuk diusahakna teka.
Kaya kuwe hasile, moga informasi kiye bermanfaat dan memacu sedulur kabeh sing urung teka wingi, bisa teka ngesuk nang pertemuan selanjute (amin).
Terakhir, aku lan keluarga sebagai tuan rumah pertemuan awal, nyampeknya kesuwun karo sedulur kabeh sing wes ngluangna waktu bisa hadir nang kumpul2 wingi. terutama yang jauh-jauh kang Tangerang kana mba Riyanti Adie Kuncoro , kang Purwakata Agus Purwanto , kang Tanjung Priok Jakarta Agus Priyono lan kang Matraman Jatinegara keluargane Wi Wie , Moga-moga bae niat baik warga Gadog kabeh bisa diridhoi Allah SWT (amin...).
Aku lan keluarga juga njaluk ngapurane, nek penyambutane ake kekurangan lan keterbatasan. Kesuwun ............
Wassalamu'alaikm wr. wb

Tidak ada komentar:
Posting Komentar